Rabu, 13 Februari 2013

Sing durung tau lewat gladak iki ngaku.




Jembatan suromedu yo iku gladak sing nyambungno pulau jowo karo pulau meduro. Dowone jembatan iki 5.438m, sekaligus ndadikno jembatan iki dadi gladak paling dowo sak Indonesia raya. Jembatan iki dibagi dadi telung bagian, yoiku dalan layang (causeway), jembatan penghubung (approach bridge), lan jembatan utama (main bridge).
Jembatan iki diresmekno awal pembangunane karo presiden Megawati Soekarnoputri tanggal 20 agustus 2003 lan diresmekno pembukaane karo presiden SBY tanggal 10 juni 2009.
 Tujuane dibangun gladak Suromedu supoyo permodotan pembangunan ning meduro luwih cepet . pembangunan iku ngliputi bidang insfrastruktur lan ekonomi ndek meduro sing ketokane kari nek dibandingno karo kawasan liyane ndek jowo timur. Lha perkiraan bondho kanggo mbangun gladak iki ngentekno duite negoro kiro-kiro 4.5 triliun repes.



Nek arep liwat suromedu , kapan awakmu numpak motor ditarik mbayar 3ewu , nek numpak montor(mobil) mbayare reno-reno tergantung golongan montormu.
Nek montor pribadi ditarik 30ewu. Nek mobil umum 40 ewu. Nek mobil abot abot ditarik 60 ewu.
Lha nik arep narsis koyo mbak -mbak ning nduwur ati-ati. Nek konangan polisi zo awakmu pasti ditilang.
Nek dino sabtu minggu akeh arek-arek suroboyo sing lewat kene sekedar kanggo wisata badhogan nang meduro. Jarene untalan sing enak yoiku:

Bebek sinjay. iki biasae nik dino sabtu minggu diserbu kariawan lan mahasiswa-mahasiswa suroboyo terkenal mergo bebeke gedhe,gurih karo sambele pencit(mangga) sing  uenak.,

Tahu petis. Ndik pinggir-pinggir dalan iki uakeh. Tahu ne enak. Petise zo kroso pisan. Biasae mangane dicampur uya karo nyeplos Lombok.

Rumah makan tera’ bulan. Tera’ bulan artine bulan purnama lek wong jowo nyebute padhang mbulan. Warung iki adol panganan khas meduro macem macem koyok to soto meduro, topa’ ladha, bebek Bengal, rawon , sop gurami , sate gurami, sego goreng sate wedus zo ono pisan.

Warung Amboina. Warung iki cocok kanggo sing pengen ngundakno kolesterole. Soale menu andalane  daging karo jeroan . contoh menu andalane soto meduro (isine pul daging karo jeroan. Bumbune santen kentel lan pedis. Gak ono sayure sak imito), rawon (iki daging karo jeroan pisan). Sego petis (iki daging trus dibumbu opor campur petis trus nduwure di ke’i jeroan limpo, ati kadang zo endok).Nek jare wong meduro rasane menu andalan iku mau nyaman onggu, alias maknyus.
Nek sing pengen gak kolesterol iso pesen sego campur, sego tok campur ngombe banyu putih maksudku

Nasi Bebek Pedas Paterongan . warung iki terkenal mergo irisan bebeke sing gedhe. Trus sambele pedese gendeng.

Lek wis wisata kuliner, mulihe biasahe arek-arekgak liwat jembatan Suromedu mane. Tapi muter-muter  nang bangkalan trus nyebrang numpak kapal ndek pelabuhan kamal sampek pelabuhan tanjung perak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar